Bèri biru
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bèri Biru (Blueberry) ya iku salah sawijiné tetuwuhan kang kalebu anggota génus Vaccinium.[1] Tuwuhan iki asalé saka Amérika pérangan lor.[1] Woh blueberry awerna ijo pucet nalika durung mateng, banjur malih dadi ungu nalika wis mateng. Woh mau padatan duwé amba 5–16 mm lan duwé kaya déné makutha ing pérangan ngisoré.[1] Wujud kembangé kaya bèl, awerna putih, abang, utawa jambon pucet, trakadhang uga awerna ijo.[2] Ana sawatara spésies blueberry kang bisa dipangan, antarané Vaccinium angustifolium, Vaccinium virgatum, Vaccinium elliottii, lan Vaccinium corymbosum.[1]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Sunyata Rikat Blueberry, Klasifikasi ngèlmiah ...
Blueberry | |
---|---|
Vaccinium corymbosum | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Ericales |
Famili: | Ericaceae |
Génus: | Vaccinium |
Sèksi: | Cyanococcus Rydb. |
Tutup