Kali Musi
kali ing Indonésia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Kali Musi iku siji kali kang dumunung ing Provinsi Sumatra Selatan, Indonésia. Dawané watara 750 km, kali iki minangka kang paling dawa ing Pulo Sumatra. Wiwit jaman Karajaan Sriwijaya, kali iki misuwur minangka sarana utama transportasi masarakat.
Ing pinggir kali iki ana Pelabuhan Boom Baru lan Musiyum Sultan Mahmud Badaruddin II.