Kapuloan Ionia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kapuloan Ionian (basa Yunani Modern: Ιόνια νησιά, Ionia nisia; basa Yunani kuna: Ἰόνιοι Νῆσοι, Ionioi Nēsoi) iku sakumpulan pulo ing Yunani. Sacara tradhisional diarani "Pulo Pitu" (ing basa Yunani Modern: Eptanisa, Επτάνησα), nanging sajeroning golongan iki saliyané pitu pulo gedhé uga kalebu pulo-pulo cilik ing saubengé. Pitu pulo gedhé mau saka lor mengidul ya iku:
- Kerkyra (Κέρκυρα) lumrahé diarani Corfu sajeroning basa Inggris
- Paxi (Παξοί) uga dikenal minangka Paxos ing basa Inggris
- Lefkada (Λευκάδα) uga dikenal minangka Lefkas sajeroning basa Inggris
- Ithaki (Ιθάκη) lumrahé sinebut Ithaca sajeroning basa Inggris
- Kefallonia (Κεφαλλονιά) sok diarani Kefalonia/Cephalonia/Kefallinia sajeroning basa Inggris
- Zakynthos (Ζάκυνθος) kadhangkala diarani Zante ing basa Inggris
- Kythira (Κύθηρα) kadhangkala diarani Cerigo ing basa Inggris
Sunyata Rikat Periphery Kapuloan Ionian Περιφέρεια Ιονίων Νησιών ...
Periphery Kapuloan Ionian Περιφέρεια Ιονίων Νησιών | |
---|---|
Negara: | Yunani |
Ibukutha: | Corfu |
Prefectures: | Corfu Kefalonia and Ithaka Lefkada Zakynthos |
Populasi: | 220.097 (2005) |
Area: | 2.307 km² (891 sq.mi.) |
Kapadhetan: | 95 /km² (247 /sq.mi.) |
Website: | ionianisia-region.com |
Tutup