Kisruhing leladi dirgantara sawisé Eyjafjallajökull mbledhos ing 2010
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sawisé érupsi gunung geni Eyjafjallajökull ing tanggal 14 April 2010, lalu lintas udara sadhuwuring Éropa Lor dadi amburadul. Perkara iki njalari yutanan para penumpang montor mabur dadi kedampar.
Wikiwarta duwé warta sing gegayutan: European airspace closed by volcanic ash |
Érupsi iki dumadi sangisoring ès gletser, lan banyu anyep saka ès sing lèlèh njendhelaké lava kanthi gelis lan njalari fragmèn-fragmèn iku dadi kaca sing kagawa déning angina. Barang-barang iki karo gedhéné érupsi nggawé awu awan sing mbebayani banget kanggo lalu lintas udara.
Akibaté, pamaburan dadi katundha ing Ostenrik, Bèlgi, Britania Raya, Republik Ceko, Dhènemarken, Éstlan, Kapuloan Pharur, Finlan, Jerman, Honggari, Èslan, Irlandia, Kroasia, Lètlan, Litowen, Luksemburg, Malta, Moldova, Nurwègen, Polen, Prancis, Ruslan, Slowak, Slowén, Spanyol, Swèdhen, Switserlan lan Walanda, mawa akèh lapangan mabur ing Éropa sing ditutup.[1][2][3]