Nikita Khrushchev
From Wikipedia, the free encyclopedia
Nikita Sergeyevich Khrushchev (lair ing Kalinovka, Kursk, Ukraina, 17 April 1894 – pati 11 Sèptèmber 1971 ing umur 77 taun) punika satunggiling nagarawan Uni Sovyèt. Sasampunipun tilar donyanipun Stalin lan parebatan kakuwaosan, panjenenganipun mengku kalungguhan minangka Sekjen Parté Kuminis Uni Sovyèt wiwit taun 1953 dumugi 1964, lan minangka Mahamantri wiwit taun 1958 dumugi 1964. Nalika taun 1964 panjenenganipun dipunlèngsèraken déning Parté Kuminis lan dipungantosaken déning Leonid Brezhnev
Sunyata Rikat Sekretaris Jendral Parté Kuminis Uni Sovyèt, Kang sadurungé ...
Nikita Sergeyevich Khrushchev Никита Сергеевич Хрущёв | |
---|---|
Sekretaris Jendral Parté Kuminis Uni Sovyèt | |
Linggih 7 September 1953 – 14 Oktober 1964 | |
Kang sadurungé | Georgy Malenkov |
Kang sawisé | Leonid Brezhnev |
Mahamantri Uni Sovyèt | |
Linggih 27 Maret 1958 – 14 Oktober 1964 | |
Kang sadurungé | Nikolai Bulganin |
Kang sawisé | Alexey Kosygin |
Rerincèn dhiri | |
Lair | (1894-04-15)15 April 1894 Kalinovka, Kakaisaran Ruslan |
Pati | 11 Sèptèmber 1971(1971-09-11) (umur 77) Moskwa, RSFS Ruslan, Uni Sovyèt |
Bangsa | Ruslan |
Parté pulitik | Parté Kuminis Uni Sovyèt |
Sisihan | Yefrosinia Khrushcheva (tilar donya.) Marusia Khrushcheva (pisah) Nina Khrushcheva |
Agama | Boten wonten (Atheis) |
Tandha tangan |
Tutup
Khruschev kathah ngritik gaya Stalin salebetipun mimpin Uni Sovyèt, saéngga sapérangan pendhèrèk Stalin boten patiya remen kaliyan panjenenganipun.
Kawicaksanan-kawicaksanan wigatos salaminipun papréntahan Khrushchev ing Sovyèt.
- Taun 1955 madegaken Pakta Warsawa, minangka tandhingan kanggé NATO
- Taun 1956 militèr Uni Sovyèt ngintervènsi Hungaria
- Nyengkuyung Mesir salaminipun Krisis Terusan Suez taun 1956
- Perpecahan Tiongkok-Sovyèt minangka akibat negosiasinipun Krushchev kaliyan nagari-nagari kilèn lan nulak nulung program akasa Cina
- Miwiti program akasa Sovyèt, ingkang kasil ngintun satelit Sputnik lan kosmonot Yuri Gagarin dhumateng njawi akasa.
- Nyarujuki pambangunan Tèmbok Berlin ing taun 1961
- Manggènaken rudal-rudal nuklir ing Kuba, saéngga micu Krisis Rudal Kuba ing taun 1962.