Préfèktur Wakayama
From Wikipedia, the free encyclopedia
Préfèktur Wakayama inggih punika satunggaling prefektur ing Jepang ingkang mapan wonten ing sisih kilèn Ujung Kii [1][2]. Kutha krajanipun wonten ing Wakayama. Ing pamerangan provinsi jaman rumiyin ing Jepang, prefektur punika dipunwastaniProvinsi Kii lan kathahipun wewengkon Prefektur Wakayama punika wewengkon Provinsi Kii. Nalika jaman Edo wewengkon punika dipunsebat Domain Kishū ingkang dipunuwaosi déning tigang kulawarga Tokugawa ingkang dipunwastani kulawarga Tokugawa Kishū. Saking jaman kuna, Wakayama dipunsebat "nagari wit" amargi laladan punika kebak kaliyan wana lan gunung (kirang langkung 70% kalebet kawasan pagunungan). Lembah lan pagunungan Prefektur Wakayama punika dados papan kuil-kuil Buda lan Shinto ingkang wigati, kalebet Gunung Kōya lan Tiga Kuil Shinto Kumano. Gunung Kōya punika dados pusat agami Buda sekte Shingon
Wakayama Prefecture 和歌山県 | |||
---|---|---|---|
Prefecture | |||
Trankripsi Japanese | |||
• Japanese | 和歌山県 | ||
• Rōmaji | Wakayama-ken | ||
| |||
Country | Japan | ||
Region | Kansai | ||
Island | Honshū | ||
Capital | Wakayama (city) | ||
Subdivisions | Districts: 6, Municipalities: 30 | ||
Pamaréntahan | |||
• Governor | Yoshinobu Nisaka | ||
Laladan | |||
• Gunggung | 4,724,69 km2 (1,82.421 sq mi) | ||
• Urut laladan | 30th | ||
Cacah warga (October 1, 2017) | |||
• Gunggung | 944,320 | ||
• Urut pepadhet | 39th | ||
• Pepadhet | 199,87/km2 (51,770/sq mi) | ||
Kodhe ISO 3166 | JP-30 | ||
Situs wèb | www.wakayama.lg.jp/ english/ Cithakan:Infobox region symbols |
Prefektur Wakayama ing pérangan lèr kanthi pusat ing Kutha Wakayama kalebet ing Kawasan Industri Hanshin. Ing pérangan punika pusat indhustri abot kados pabrik baja lan kilang lenga. Ing pérangan tengah Prefektur Wakayama kathah kebon jeruk legi (Citrus unshiu utawi mikan). Produk tetanèn ingkang kondhang saking Wakayama sanèsipun punika jeruk hassaku (Citrus hassaku), woh Prunus mume, lan kesemek. Kebon Prunus mume (ume) wonten ing kiwa-tengené Tanabe [3].