Radèn Wijaya
From Wikipedia, the free encyclopedia
Radèn Wijaya (lair: ? - séda: Majapait, 1309) iku kang ngadegaké Kraton Majapait uga ratu pisanan kang mréntah ing taun 1293-1309, mawa gelar Prabu Kertarajasa Jayawardana. Nararya Sanggramawijaya Sri Maharaja Kertajasa Jayawardhana. Miturut Nagarakretagama, Raden Wijaya séda taun 1309 lan disarèkaké ing Antahpura lan didadèkaké candhi ing Simping minangka Harihara, utawa nyawijiné antara Wisnu lan Siwa. Radèn Wijaya digantèkaké déning Jayanagara minangka ratu sabanjuré.