Séréalia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Serealia (Basa Inggris: cereal), uga ingaran sereal utawa wiji-wijenan yaiku golongane tuwuhan kang ditandur kanggo kaajab wohe kang awujud wiji kang ngandhut karbohidrat/pathi. Ing Malaysia diarani bijirin.
Artikel iki durung utawa lagi dipertal sapérangan saka Wikipédia Indonésia. Sampéyan kena mbiyantu Wikipédia nglanjutaké mertal. Tiliki paugeran panjarwa kanggo artikel Wikipédia. |
Lumrahé serealiah saka kulawarga padi-padian lan ingaran serealia sajati. Serealia utama kang duwé aji ékonomi ingantarane pari, jagung, gandum, gandum durum, jelai, haver, dan gandum ireng. Beberapa tanaman penghasil bijian yang bukan padi-padian juga sok ingaran serealia semu (pseudocereals); mencakup buckwheat, bayam biji (seed amaranth), dan kinoa. Sawetara serealia uga kaloka kanggo pakan manuk oceh-ocehan, kaya ta jewawut/otek lan pira-pira jinis milet. Sanajan ngasilaké pathi, tuwuhan kaya ta sagu, pohung/jendal, kenthang lang ganyong ora kagolong serealia amarga ora dipanen wijine.
Serealia dibudidaya ing saindenging donya, ngluwihi jinis tuwuhan liyané, kanggo sumber ènergi tumrape manungsa lan sato kéwan rajakaya. Ing lumrahé nagara, serealia asring dadi sumber karbohidrat kang utama lan ora ana liyané.
Istilah "serealia" kajupunk saka jeneng dewi tetanèn bangsa Rum: Ceres.