Tamagoyaki
From Wikipedia, the free encyclopedia
Tamagoyaki (卵焼き, Tamagoyaki?) ya iku panganan Jepang kang wujude endhog pitik dadar kang diwenehi gula lan uyah. Rasane legi lan asin. Tamagoyaki kang digawé ing omah-omah padatan nganggo wajan kothak, endhoge dikopyok supaya kuning lan putihan endhog kecampur banjur digoreng salapis mbaka salapis sisan digulung nganggo sumpit.