Titik (géomètri)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sajeroning èlmu géomètri, topologi, lan cawang-cawang matématika kang silih magepokan, siji titik spasial nggambaraké objèk spésifik ing sajeroning ruang tinamtu, kang ora nglibataké volume, luas, dawa, utawa analog-analog liyané ing dhimènsi kang luwih dhuwur. Kanthi mangkono, titik iku objèk 0-dimènsi. Amarga sipaté minangka salah siji konsèp géometri paling prasaja, titik kerep dipigunakaké sajeroning siji wangun utawa wangun liya minangka konstituen dhasar géomètri, fisika, gambar vèktor, lan akèh lapangan liyané.