AS Saint-Étienne
From Wikipedia, the free encyclopedia
Association sportive de Saint-Étienne (pocaping cara Prancis: [asɔsjasjɔ̃ spɔrtɪv də sɛ̃t‿etjɛn lwaʁ]; Luwih kaloka AS Saint-Étienne, ASSE utawa Saint-Étienne) ya iku klub bal-balan sing diadhekaké déning grup kasino, sing asalé saka Saint-Étienne (Loire). Saint-Étienne ya iku laladan sing tempate ing sisih wétan mengalor jejere prancis ing departemen loire lan laladane Rhône-Alpes. Jeneng penduduk ing ngisi laladan iku ya iku Etienne.
Jeneng jangkep | Association Sportive Saint-Étienne Loire | ||
Peparab | Les Verts (The Greens), Stéphanois, ASSE | ||
Diadegaké | 1919 | ||
Lapangan | Stade Geoffroy-Guichard, Saint Étienne | ||
Kapasitas | 35,616 | ||
Ketua | Bernard Caiazzo Roland Romeyer | ||
Manajer | Christophe Galtier | ||
Liga | Ligue 1 | ||
2020/21 | ke-11 | ||
|
Penduduk Etienne ing 2010 ana 171.260 jiwa, kutha iki kutha sing kaping Cithakan:14th ing prancis[1]. Kutha iki yèn saka Lyon adohe 50 km, yèn nganggo sepur ora nganti 40 menit[2]. Saint Étienne Metropolis iku salah sawijining saka 2 pérangan korbunasi salajengipun Grenoble Alpes metropolis lan nomer 6 kuta sing korbunasi ing Prancis (43 kutha, penduduk nganti 374.600, 13.000 perusahaan lan 146 karyawan)[3].
FC Saint-Étienne resmi dadi club bola profésional awit 1933, FC Saint-Étienne paling tenar ing taun 1960-an nganti 1970-an, nalika menang 8 gelar liga prancis saka 13 mangsa tanding. Ing taun 1976, FC Étienne bisa nembus final liga champion nanging kalah ning Stadion Hampden Park ing Glasgow lawan FC Munchen. Ing taun 2012, FC Saint-Étienne ganep 60 taun tanding ning divisi 1 liga prancis.
Amerga FC Saint-Étienne iku club bal-balan profésional, klub iku dhuweni markas ing Stade Geoffroy-Guichard. Awit taun 2011, club bal-balan iki diketuai karo Roland Romeyer lan Bernard Caïazzo, kabehe iku nyekel saham paling akèh ing club iku. Awit 15 desember 2009, klub utama FC Saint-Étienne dilatih déning Christophe Galtier ing divisi 1 ligue prancis.