Abugida iku istilah kang diciptakaké déning Peter T. Daniels kanggo mratélakaké siji sistém panulisan kang saben aksarané nglambangaké konsonan kang dibarengi déning siji swara. Banjur swara liyané bisa ditandhani karo tandha-tandha dhiakritis. Ing sawatara abugida, kanggo nandhakaké yèn ora ana swarané, siji aksara kudu "dipatèni". Kurang luwih separo sistém panulisan ing donya iku abugida, ing kéné uga kalebu sistem aksara Brahmik kang sapérangan gedhé ditrapaké kanggo basa-basa Indo-Arya.

Thumb
Prasasti ing basa Swampy Cree mawa aksara Canadian Aboriginal Syllabics, siji abugida kang diciptakaké déning para misionaris Kristen kanggo basa-basa pribumi Kanada

Sawijining abugida, miturut Daniels, iku kudu dibedakaké karo silabari, kang simbul-simbul aksarané wis ngamot swara lan rupané pancèn wis béda siji karo liyané. Terus loro-loroné uga bisa diarani alfabèt.

Wong liyané, luwih seneng ngarani sistém kaya mengkono: "semi-silabari" utawa "alfa-silabari".

Tembung abugida iku dijupuk saka basa Ge'ez ing Etiopia kanggo aksarané dhéwé. Uni Abugida iki dijupuk saka patang aksarané kang kapisan lan dhedhasar urutan aksara Yunani (Α, Β, Γ, Δ)) lan uga urutan ing leluhuré, aksara Semitik Lor: aleph, bet, gimel, dalet, utawa A B G D, mèmper ing basa Yunani kang dijupuk saka rong aksara wiwitané: alpha lan beta.

Sumber

  • Peter T. Daniels lan William Bright. 1996. The World's Writing Systems. Oxford University Press. ISBN 0-19-507993-0

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.