Surat Al Baqarah
surat ka-2 ing Al Qur'an / From Wikipedia, the free encyclopedia
Surat Al Baqarah (Arab سورة البقرة) iku surat kapindho Al-Quran mawa 286 ayat. Tegesé "Sapi". Surah iki dumadi saka 286 ayat, 6.221 tembung, 25.500 aksara lan kagolong surah Madaniyah. Sapérangan gedhé ayat sajeroning surat iki diudhunaké ing wiwitan ijrah, kajaba ayat 281 kang diudhunaké ing Mina nalika Haji Wada'. Surat iki kang dawa dhéwé. Isiné bab Nabi Musa kang dhiskusi karo kaum Israil prakara sapi kang kudu dikurbanaké supaya mangertèni sapa kang matèni sawijining wong.
Katerangan liyané al-Baqarah البقرة, Informasi ...
al-Baqarah البقرة | |
---|---|
Ayat 1 s.d. Ayat 6 | |
Informasi | |
Makna | Sapi wadon |
Nami sanès | Fustatul Qur'an Alif Lam Mim az-Zahrawan[1] as-Sinam[2] |
Klasifikasi | Madaniyah Ayat 281 diudhunaké ing Mina nalika Kaji Wada' |
Surat ka | 2 |
Juz | Juz 1 (ayat 21-141) Juz 2 (ayat 142-252) Juz 3 (ayat 253-286) |
Statistik | |
Gunggung ruku' | 40 ruku' |
Gunggung ayat | 286 ayat |
Gunggung tembung | 6.221 tembung |
Gunggung aksara | 25.500 aksara |
Tutup