From Wikipedia, the free encyclopedia
Ayan utawa epilepsi iku lelara saraf menaun sing nimbulaké serangan ujug-ujug makaping-kaping ora mawa alesan. Tembung 'epilepsi' iku asal saka basa Yunani (Epilepsia) sing tegesé 'serangan'.
Wikipedia ora tanggung jawab lan ora bisa njamin yèn informasi kedhokteran sing dipratélakaké ing kaca iki bener.Mangga nyuwun pituduh saka tenaga medhis sing profèsional sadurungé ngayahi pangobatan. |
Utek kita dumadi saka yutan sèl saraf (neuron), sing tugasé ngoordinasèkaké kabèh aktivitas awak kita kalebu perasaan, pandulu, mikir, nggerakaké [otot].
Tumrapé para panyandhang lelara ayan, kadhangkala sinyal-sinyal mau, ora ngayahi aktivitas kaya sing kudu dilakoni. Bab iki bisa diakibataké déning manéka unsur-unsur, antarané; trauma sirah (tau ngalami cidra ing sirah), tumor utek, lan sapanunggalané.
Lumrahé ayan disebabaké déning karusakan utek sajeroning prosès kelairan, tatu ing sirah, stroke, tumor utek, alkohol. Kadhangkala, ayan uga saka genetika, nanging ayan iku dudu lelara katurunan lan jalaran sing mesthi durung kinawruhan.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Epilepsy. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.