From Wikipedia, the free encyclopedia
Balung geger utawa vertebra iku balung kang mbentuk geger kang gampang diobahaké. Ana 33 balung geger ing rangka manungsa, 5 ing antarané kagabung mbentuk pérangan sacral, lan 4 balung mbentuk balung buntut (coccyx).
Telung pérangan ing sakdhuwuré dumadi saka 24 balung kang dipérang dadi 7 balung cervical (gulu), 12 balung thorax (thoraks utawa dhadha) lan, 5 balung lumbal. Akèhé balung geger bisa uga ana angka oranormal-an. Pérangan paling arang kadadéan angka oranormal-an yaiku pérangan gulu.
Sawijining balung geger dumadi saka rong pérangan yaiku pérangan anterior kang dumadi saka badan balung utawa corpus vertebrae, lan pérangan posterior kang dumadi saka arcus vertebrae. Arcus vertebrae diwangun déning loro "sikil" utawa pediculus lan loro lamina, sarta dijurung déning penonjolan utawa procesus yaiku procesus articularis, procesus transversus, lan procesus spinosus. Procesus mau mbentuk bolongan kang diarani foramen vertebrale. Nalika balung geger disusun, foramen iki bakal mbentuk saluran minangka papan sungsum balung geger utawa medulla spinalis. Ing antara loro balung geger bisa tinemu celah kang karan foramen intervertebrale.
Lumrahé duwé wangun balung kang cilik kanthi spina utawa procesus spinosus (pérangan kaya swiwi ing mburi balung) kang cendhak, kajaba balung angka 2 lan 7 kang procesus spinosusé cendhak. Diwènèhi nomer miturut urutan saka C1-C7 (C saka cervical), nanging sawatara duwé sebutan mirunggan kaya C1 utawa atlas, C2 utawa aksis.
Saben mamalia duwé 7 balung geger gulu, sanajan sepira dawaning gulu.
Procesus spinosusé bakal nyambung karo balung iga. Sawetara bisa kanggo obahan muter. Pérangan iki dikenal uga minangka 'balung geger dorsal' sajeroning konteks manungsa. Pérangan iki diwènèhi nomer T1 hingga T12.
Pérangan iki (L1-L5) minangka pérangan paling tegap konstruksiné lan nanggung beban paling abot saka balung liyané. Pérangan iki bisa kanggo obahan fleksi lan ekstensi awak, lan sawatara obahan rotasi sethithik.
Ana 5 balung ing pérangan iki (S1-S5). Balung-balung kagabung lan ora duwé celah utawa diskus intervertebralis siji lan sijiné.
Ana 3 nganti 5 balung (Co1-Co5) kang silih gabung lan tanpa celah. Sawetara kéwan duwé balung coccyx utawa balung buntut kang akèh, mula saka iku diarani balung geger kaudal (kaudal tegesé buntut).
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.