Bètléhem
From Wikipedia, the free encyclopedia
Betlehem (Arab بيت لحم Bayt Laḥm "omah daging"; Ibrani Standar בית לחם "omah roti", Bet léḥem / Bet láḥem; Ibrani Tiberias Bêṯ léḥem / Bêṯ lāḥem) (Yunani: Βηθλεέμ) (Latin: Bethleem) iku kutha Palestina ing Gisik Kulon lan minangka punjer budaya Palestina lan indhustri pariwisata. Sing ndunungi watara 29.019 jiwa (2005).[1]
Kutha iki duwé teges wigati tumrap umat Kristen amarga dipercaya minangka panggonan kalairan Yesus saka Nazaret. Kuburan Rahel kang wigati sajeroning agama Yahudi dumunung ing pinggiran kutha iki. Betlehem uga minangka panggonan kanggoné komunitas Kristen Palestina gedhé dhéwé ing Timur Tengah. Kutha iki dumunung watara 10 km kidulé kutha Yerusalem, kanthi elevasi udakara 765m (2.510 kaki) saka lumahing sagara. Kutha raya Betlehem uga nyakup kutha cilik Beit Jala lan Beit Sahour.
Greja Kalahiran, diwangun déning Konstantin Agung (330), ngadeg ing tengahing kutha Betlehem, sadhuwuré guwa kang sajeroning basa Inggris diarani Holy Crypt, lan kang miturut tradisi Kristen minangka panggonan Yesus dilahiraké. Iki minangka gréja Kristen tuwa dhéwé ing donya. Cedhak saka kono dumunung siji guwa liya, kang miturut carita Hieronimus, bapak Latin, ngentèkaké mangsa telung puluh taun uripé nerjemahké Alkitab saka basa Yunani menyang basa Latin (delengen Vulgata).
Ing Betlehem ana Universitas Betlehem , siji lembaga pendhidhikan gedhé Katulik Roma kang diadegaké kanthi arahan Vatikan.