From Wikipedia, the free encyclopedia
Sajeroning statistika lan pamrosèsan sinyal, dhèrèt wektu ya iku rerangkèn data kang wujud aji pengamatan (pengamatan) kang diukur sajeroning kurun wektu tinamtu, dhedhasar wektu kanthi interval kang uniform (padha).[1] Sawetara conto data dhèrèt wektu ya iku produksi total taunan prodhuk tetanèn indonésia, rega penutupan padinan sawijining saham ing pasar modhal kanggo kurun wektu sesasi, suhu udara per jam, lan asil dodolan total sesasi sawijining pasar swalayan ing sajeroning wektu setaun.[1] Analisis dhèrèt wektu (Basa Inggris: time series analysis) minangka métodhe kang nyinaoni dhèrèt wektu, saka segi téyori lan kanggo gawé ramalan (prédhiksi).[butuh sitiran] Predhiksi / peramalan dhèrèt wektu ya iku panggunaan modhèl kanggo mrédhiksi aji ing wangsa ngarep dhedhasar kadadéan kang wis kelakon. Ing donya bisnis, data dhèrèt wektu minangka bahan acuan kanggo gawé kaputusan saiki, kanggo proyèksi, lan kanggo gawé rancangan mangsa ngarep.[2] Conto panggunaané ya iku ing rega paada anambukaan rega saham ing bursa èfèk dhedhasar performa sadurungé.[2]
Ana sawatara asumsi wigati kang kudu dipenuhi supaya data dhèrèt wektu bisa dipigunakaké sajeroning kaperluan proyèksi/peramalan.[2] antarané ya iku anané kagumantungan antara kadadéan mangsa ngarep marang mangsa sadurungé[2] utawa luwih kaloka kanthi istilah anané autokorélasi[3] antara Zt lan Zt-k.[4] Asumsi bsabanjuré ya iku aktivitas ing mangsa ngarep mèlu pola kang kelakon ing mangsa kapungkur lan gegayutan/keterkaitan marang mangsa kapungkur bisa ditemtokaké nganggo pengamatan utawa panelitèn.[2] Akurasi kang diasilaké saka peramalan dhèrèt wektu, gumantung marang sepira adohé asumsi-asumsi ing dhuwur bisa dikebaki.[2]
Modhèl klasik dhèrèt wektu kang biyasa dipigunakaké ya iku ping-pingan saka 4 komponèn dhèrèt wektu.[2]
Ana sawatara métodhe pemulusan kanggo dhèrèt wektu.[5] Dua jinis modhèl kang banyak dipigunakaké ya iku modhèl rataan bergerak (moving average) (MA) lan modhèl autoregresif (AR).[butuh sitiran] Kaloro modhèl iki gumantung marang data sadurungé kanthi linier lan dibahas luwih rinci ing artikel autoregressive moving average models (ARMA). [butuh sitiran]
Ahli ékonomi migunakaké analisis dhèrèt wektu minangka piranti bantu perencanaan ing jangka cendhak utawa jangka panjang.[2] Parusahan ènèrgi umpamané, bakal ngayahi peramalan konsumsi daya ing jangka panjang lan jangka cendhak (musiman).[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.