Dhialèk
From Wikipedia, the free encyclopedia
Carabasa (Ind: dialek) tegesé varian-varian sinkronis basa. Basa nduwé variasi kang béda-béda nanging isih bisa dipadhangerteni (Ing: mutually intellegible) déning penutur. Carabasa ya iku variasi basa miturut panganggo basa. Béda karo jinis (rupa-rupa) basa, beda carabasa antaraning siji karo liyané isih bisa nduduhake kamiripan saèngga durung pantes dianggep basa kang béda. Carabasa dibédakaké dhedhasar tetembungan, paramasastra (Ind: tatabahasa), lan pocapan utawa swarawidya/widyaswara. Carabasa bisa dibedakaké antarané carabasa parisaba lan carabasa pratalawimba.[1].
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
Artikel iki ditulis nganggo basa krama. |