Eva Perón
From Wikipedia, the free encyclopedia
María Eva Duarte de Perón (langkung misuwur kanthi asma Evita (7 Mèi 1919 – 26 Juli 1952) punika garwa nomer kalihipun Présidhèn Argentina Juan Domingo Perón (1895–1974) lan Ibu Nagari Argentina wiwit 1946 dumugi sédanipun taun 1952. Éwasemanten panjenenganipun boten naté kanthi resmi kapilih dados tokoh pulitik, amargi dados Ibu Nagari panjenenganipun pungkasanipun gadhah langkung kathah kakuwaosan lan prabawa ing pamréntahan katimbang sinten kémawon, kejawi garwanipun. Ing antawis kaum papa lan kelas pekerja Argentina, panjenenganipun gadhah wibawa ingkang boten kathah tandhinganipun ing sakjawining monarkhi
Artikel iki ditulis nganggo basa krama. |
Maria Eva Duarte de Perón | ||
---|---|---|
Miyos | Los Toldos, 7 Mèi 1919 | |
Séda | Buenos Aires, 26 Juli 1952 | |
Padamelan | Aktris lan Politikus | |
Garwa | Juan Domingo Perón |
Evita ndamel Yayasan Eva Perón, yayasan amal ingkang damel éwonan griya lan sekolah kanggé kaum èstri lan kaum papa lan kanggé ingkang kaping sepindhah wonten ing salebeting sajarah Argentina njamin boten wonten katimpangan ing pangreksan kaséhatan kanggé warginipun. . Evita ugi mimpin madegipun Parté Peronis Perempuan, ingkang wujud parté pulitik èstri kaping sepindhah ing nagarinipun.
Taun 1951, panjenenganipun ngawontenaken kampanye supados saged nyalonaken dhiri dados Wakil Présidhèn Argentina. Perkawis punika dipuncandhet déning militèr Argentina, kaum èlit, lan pungkasanipun déning garwanipun piyambak. Manawi Evita kapilih, panjenenganipun badhé dados wakil présidhèn èstri ingkang kaping sepindhah ing donya. (Gelar punika pungkasanipun dhawah ing tangan garwa nomer tiga Perón, Isabel Perón, ingkang ironisipun ngupados niru Evita.) Ing taun 1952 Evita pikantuk gelar resmi "Pamimpin Rohani Bangsa".
Evita ugi tokoh ingkang kontrovérsial sanget ing mangsa sugengipun, malah ngantos sepriki. Éwasemanten namung enem taun langkung panjenenganipun mlebet ing pulitik Argentina, ing wekdal samanten panjenenganipun dados punjering gosip lan kabar angin. Ing salebeting bukunipun "Evita: The Real Life of Eva Perón", Marysa Navarro lan Nicholas Fraser ngaken manawi mitos lan distorsi prakawis Eva Perón punika ingkang paling rumit saking tokoh pulitik modhérn pundi kémawon. .
Samangsa gesangipun, Evita punika pawèstri paling kuwaos ing nagarinipun. Kathah sajarawan sarujuk bilih panjenenganipun tetep ingkang paling gadhah prabawa ing sajarah bangsanipun lan ing saindhenging Amérika Kidul. Ing wekdal sédanipun, panjenenganipun punika pawèstri paling gadhah prabawa ing saindhenging donya.