Fyodor Dostoyevsky
From Wikipedia, the free encyclopedia
Fyodor Mikhailovich Dostoyevsky (Фёдор Миха́йлович Достое́вский, sok-sok dipunalihaksarakaken dados Dostoevsky listen (pitulung·info)) (11 November [K.J.: 30 Oktober] 1821 – 9 Fèbruari [K.J.: 28 Januari] 1881) punika salah satunggiling sastrawan Ruslan paling ageng, ingkang karya-karyanipun nimbulaken dhampak ingkang dawa dhumateng fiksi abad kaping 20. Karya-karyanipun asring nampilaken tokoh-tokoh ing kaanan ingkang putus asa lan pikiran ingkang sanget èkstrém, saéngga ngatingalaken pamahaman ingkang luar biyasa prakawis psikologi manungsa sarta analisis ingkang lebet ngenani kaanan pulitik, sosial, lan spiritual ing Ruslan wanci samanten. Kathah saking karya-karyanipun ingkang paling misuwur kados-kados ngramalaken pamikiran lan kapedulian tiyang ing jaman modhèren. Sok-sok panjenenganipun dipunsebat minangka pangadeg eksistensialisme, mliginipun ing Catatan-catatan dari Bawah Tanah, ingkang dipungambaraken déning Walter Kaufmann minangka "karya ingkang saé piyambak kanggé eksistensialisme ingkang naté dipunserat".
Fyodor Dostoevsky | |
---|---|
Lair | 11 November 1821 |
Pati | 9 Fèbruari 1881 |
Pakarya | Novelis |