Gajah
sato kewan / From Wikipedia, the free encyclopedia
Famili Gajah (Basa krama: liman; Latin: Elephantidae) iku famili saka ordho Pachyderm, lan siji-sijiné famili sing kasisa saka ordho Proboscidea. Gajah iku kéwan sing ana ing Indonésia. Gajah iku mamalia lan wujud kéwan dharat gedhé dhéwé ing donya. Ana 2 spésies gajah ing donya yaiku Gajah Asia (biyèn dikenal minangka Gajah Indhia) lan Gajah Afrika.
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Genus lan Spesies ...
Gajah | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Subfilum: | Vertebrata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Proboscidea |
Famili: | Elephantidae Gray, 1821 |
Genus lan Spesies | |
|
Tutup
Periode meteng gajah iku 22 sasi, paling suwé tinimbang kéwan dharat liyané. Bobot bledug (anak gajah) lumrahé 120 kilogram. Gajah bisa urip tekan 70 taun. Gajah uga tau digunakaké ing peperangan minangka gajah perang kanggo nyerang mungsuh.