Géografi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Géografi iku asal katané saka basa Yunani yaiku gê utawa Bumi lan graphein utawa nulis/njelasaké. Géografi iku èlmu bab enggon utawa lokasi ing planit bumi sing dikaitké karo wangun-wangun fisik ing lumah bumi lan manungsa. Lokasi lan wangun-wangun fisik lumah bumi iku gampang dipirsani saka peta, mulané akèh duwé pamahaman (ciut) yèn géografi iku padha karo èlmu peta kamangka peta iku mung salah siji prangkat ing géografi.
.
Wangun-wangun fisik lumah bumi sing dikaitké karo èlmu-èlmu géologi, géodesi, oceanografi lan atmosfer iku dadi salah siji cabang èlmu géografi yaiku ngèlmu bumi.