Godhong katès
From Wikipedia, the free encyclopedia
Godhong katès minangka salah sawijining jenis janganan sing dioleh nalika godhongé enom minangka panganan énak lan nduwèni gizi sing akèh.[1] Sakliyané diolah dadi panganan sing sedhep, godhong katès bisa digunakake minangka obat kanggo sawetara penyakit.[2] Godhong katés iku bentuke kaya tangan manungsa.[2] Yèn godhong katés iku dilempit pas ing tengah, bakal katon yèn godhong katès iku simètris .[2]