From Wikipedia, the free encyclopedia
Hammurabi (basa Akkadia, saking tembung Ammu "sedhèrèk kakung pehak rama", lan Rāpi "satunggiling pangusada"); punika raja angka enem saking Dinasti Babilonia pisanan (mréntah taun 1792-1750 SM), lan panjenenganipun mungel ugi Amraphel, raja saking Sinoar miturut Alkitab (Purwaning Dumadi 14:1).
Hammurabi mimpin wadyabalanipun nyerang Akkadia, Elam, Larsa, Mari lan Summeria, saéngga ndadosaken Kakaisaran Babilonia mèh sami agengipun kaliyan Karajan Mesir kuna saandhaping Pirngon Menes, ingkang manunggalaken Mesir langkung saking sèwu taun sadèrèngipun.
Sanadyan Hammurabi kathah sanget nglampahi peperangan naklukaken Karajan sanès, naming panjenenganipun langkung misuwur amargi ing wekdal pamaréntahanipun dipundamel kodhe resmi (angger-angger kaserat) pisanan ingkang kacathet ing donya, ingkang dipunsebat minangka Piagam Hammurabi (Codex Hammurabi).
Ing taun 1901, arkeolog Prancis nemokaken piagam kasebat nalika ngedhuk saandhaping reruntuhan tilas kutha kuna Susa, Babilonia. Piagam Hammurabi kasebat kaukir ing sainggiling tugelan watu ingkang sampun dipunratakaken mawi aksara paku (cuneiform). Piagam kasebat sadaya wonten 282 angger, nanging wonten 32 angger ing antawisipun ingkang kapecah lan awrat dipunwaos. Isinipun punika pangaturan dhumateng tumindak durjana tinentu lan ganjaranipun. Sapérangan conto isi, antawisipun:
Sapunika, Piagam Hammurabi sampun dipunsimpen lan dipunpamèraken kanggé khalayak ramé ing Museum Louvre ing Paris, Prancis.
Hammurabi sasanèsipun wujud raja, punika ugi satunggiling pamimpin agami masarakat Babilonia. Kanthi makaten, Piagam Hammurabi wujud satunggiling aturan resmi ingkang dipunlampahaken déning masarakat lan pamaréntahan Babilonia. Dipunkinten bilih rumiyin angger-angger ingkang dipunterbitaken dipundamel dados piagam (kanthi wangun prasasti) lan dipunpamèraken dhumateng khalayak ramé supados pikantuk panyarujukan.Dados angger-angger sanès dipundamel déning pamaréntah kémawon supados selaras kaliyan gagasanipun piyambak. Ing salebeting pangertosan punika, Piagam Hammurabi saged dipunanggep minangka pamandhega saking sistem angger-angger resmi kados ingkang sapunika lumampah ing masarakat modhèren.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.