Imnos pros tin Eleftherian
From Wikipedia, the free encyclopedia
Imnos pros tin Eleftherian (Yunani: Ὕμνος εἰς τὴν Ἐλευθερίαν Ýmnos eis tīn Eleutherían) (Basa Jawa: Himne kabébasan), iku lagu kabangsané Yunani. Wiwitané lagu iki njupuk saka geguritan kang tinulis déning Dionýsios Solomós ing taun 1823 lan dumadi saka 158 pada (bait) saéngga dadi himne sing paling dawa sadonya. Ing taun 1828 Nikolaos Mantzaros banjur nggubah musik kanggo ngiringi geguritan iki.
Tahn 1865, rong pada pisanan resmi dadi lagu kabangsan Yunani lan sabanjuré uga dipigunakaké déning Républik Siprus. Miturut Konstitusi Républik Siprus, lagu kabangsan Yunani dinyanyèkaké ing sangarepé Présidhèn Siprus sing saka ètnis Yunani déné lagu kabangsaan Turki dinyanyèkaké ing sangarepé wakil présidhèn sing asal saka ètnis Turki, nanging wiwit taun 1963 lagu kabangsan Turki wis ora dianggo manèh sawisé warga Siprus ètnis Turki nyatakaké mardika saka pamaréntahan Siprus.