Institut Èlmu Pulitik Paris
From Wikipedia, the free encyclopedia
Institut Èlmu Pulitik Paris (basa Prancis: Institut d'Etudes Politiques de Paris), asring dipunrujuk ugi minangka Sciences Po (kaucapaken se-ahns po), inggih punika sawijining Grand Établissement wonten ing Paris, Perancis. Sciences Po kanthi tradhisional sampun ndhidhik èlit pulitik lan diplomatik Perancis, nanging program akademikipun boten namung nyakup ngèlmu pulitik lan èkonomi, nanging ugi bab hukum, komunikasi, keuangan, bisnis, manajemen, lan jurnalisme. Kampusipun dumunung wonten ing caket Kali Seine, lan saged dipunjangkau kanthi mlampah saking Notre Dame de Paris, Panthéon, sarta Assemblée Nationale. Gedungipun awujud yasan ingkang méwah saking abad kaping 17 lan kaping 18 ingkang dumunung wonten ing rue Saint-Guillaume lan sakanan kiringipun wonten ing VIIe arrondissement ing sisih kiwa kali mau.