From Wikipedia, the free encyclopedia
Irlan Lor (basa Inggris Northern Ireland) minangka sawijiné praja Britania Raya lan dumunung ing sisih wétan-lor pulo Irlandia. Jembar wewengkoné ya iku 14.139 km² lan kang ndunungi cacah 1.685.267 jiwa (April 2001). Irlandia Lor ndarbèni kutha krajan Belfast. Irlandia Lor wewatesan karo Républik Irlandia. Sajeroning basa Inggris laladan iki karan Northern Ireland utawa Ulster. Nanging jeneng iki rada jumbuh sebab sabeneré Ulster iku jenengé tilas provinsi Irlandia kang wewengkoné luwih amba. Ulster pérangan kidul isih dadi wewengkon Irlandia. Jeneng iki mung dianggo déning kaum Unionis.
Basa resmi | Inggris, Irlandia, Ulster-Scots |
Kutha krajan lan kutha gedhé dhéwé |
Belfast |
Pamaréntahan | Républik lan Dhémokrasi Parlementer |
Wewengkon -Total |
Urutan angka 4 13,843 km² |
Padunung -Total (2001) -Kapadhetan |
Urutan kaping 4 1,685,267 122/km² |
Madeg | Pembagian Irlandia (1920) |
---|---|
Valuta | Pound Sterling (£) (GBP) |
Zona wektu -dalam Mangsa panas |
UTC+0 UTC+1 |
TLD | +353 48, +44 28 (uga 048 saka Républik Irlandia) |
Kembang nasional | Shamrock |
Wong suci pelindung | St. Patrick |
Nalika Irlandia (Kidul) mardika saka Britania Raya taun 1920, kang ndunungi Irlandia Lor kang sapérangan gedhé nganut agama Protèstan lan isih setya marang Karajan Britania Raya milih tetep dadi pérangan nagara kesatuan Britania Raya. Wong-wong mau diarani kaum Unionis, déné wong saka Irlandia Kidul diarani kaum Nasionalis. Nanging permasalahan ora mandheg tekan semana, sebab wong-wong kang nganut agama Katulik ing Irlandia Lor ngrasa didiskriminasi. Karusuhan kang dijenengaké The Troubles miwiti ing taun 1969.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.