Kèrsen
jare adhit podo cherry / From Wikipedia, the free encyclopedia
Kèrsen (Muntingia calabura) (Jawa: ꦏꦺꦂꦱꦼꦤ꧀, Indonésia: ceri) ya iku buah cilik kang manis, duwé basa Latin Muntingia calabura L, ing wewengkon liya uga diarani Talok.[1] Ing sadhéngah papan ing Jakarta, woh iki uga diarani cèri.[1] Jeneng liyané ya iku datiles (Filipina) lan kerukup siam (Malaysia).[1] Uga misuwur minangka Singapore cherry (Inggris) lan Japanse kers (Walanda) ya iku nagara asal jeneng kèrsen iki.[1] Ing Srilangka, Kersen padatan diawètaké lan digawé selai jam fruit.[1] Ing Mexico, padatan padha didol ing pasar-pasar.[1] Ing Asia Tenggara, woh iki akèh diprangguli ing pinggir dalan, mligi wewengkon kang panas lan garing.[1] Kersen bisa urip ing sadhengah papan ing ngendi waé wit bisa urip.[1] Woh kersen uga disenengi déning kéwan-kéwan kaya lawa (kelelawar) kang jinisé Codot Krawar (Cynopterus brachyotis), manuk Cabai Jawa, lan merbah cerucuk.[2] Saliyané seneng mangan woh kersen, kéwan-kéwan iki uga mèlu nyebaraké winih kersen saèngga kersen bisa urip ing sadhèngah papan.[1] Wit kersen iku ana kang cilik, uga ana kang ngrembuyung gedhé.[3] Sing gedhé bisa nganti 12 mèter.[3] Godhonge tansah ijo royo-royo, ngembang, lan woh saben wektu.[3] Pang-pangé lurus ngrembuyung gawé adhum.[3] Ing pang cilik lan godhongé ana rambut-rambut tipis.[3] Godhong kersen iku miturut struktur duwé balung menyirip, godhongé ora simetris lan pinggiré ora rata alus.[3] Kembangé ya ngrembuyung saben panggonan pojok pang watara 1-5 kembang.[3] Pange dawa, kelamin dua, lan wilangan 5, kelopak berbagi dalam, taju nglancip wujud benang, duwé rambut alus; makutha bertepi rata, bunder ndhog kuwalik, putih tipis, gundhul, lk. 1 cm.[3] Benang sari akèh, 10 nganti 100 iji.[3] Kembang kang mekar kétok metu.[3] Wohé kira-kira gedhéné 1,5 cm. Yèn mateng wernané abang lan legi.[3]
Aksara Latin |
Kersen | |
---|---|
Wit kersen | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Malvales |
Famili: | Muntingiaceae |
Génus: | Muntingia L. |
Spésies: | M. calabura |
Jeneng binomial | |
Muntingia calabura L. | |