Kōhaku Uta Gassen
From Wikipedia, the free encyclopedia
NHK Kōhaku Uta Gassen (紅白歌合戦, Pertempuran Lagu Merah Putih?),utawi populer kaliyan cèkakan Kōhaku (紅白, Kōhaku?) inggih punika acara musik malem taun engal ingkang dipunproduksi NHK Jepang. Acara punika dipunlangusnungaken setahun sapisan ing malèm 31 Dhésèmber, lan dipunsiarakèn kanthi langsung ngèlampahi televisi lan radio ing Jepang, sarta jaringan internasional NHK lan televisi kabel. Acara punika kawiwitan dipunwontènakèn taun 1951, lan berlokasi ing Aula NHK, Tokyo ngantos taun 1973. Artis musik ingkang tampil kapérang dados kalih tim dhedhasar jinis kelamin: tim merah (akagumi) lan tim putih (shirogumi). Anggota tim abrit inggih punika penyanyi wanita utawi grup musik kaliyan vokalis wanita, nanging anggota tim putih kapèrang saking penyanyi priya utawi grup musik kaliyan vokalis priya. Duo campuran priya lan wanita limrahipun dipunlèbètakèn ing salebèting tim merah, nanging penyanyi waria limrahipun dipunlebetaken ing salebeting tim putih. Penyanyi wanita ingkang dipuntingalaken paling pungkasan déning tim merah dipunsebat tori. Sebaliknya, penyanyi priya ingkang dipuntingalaken dados bintang ing pungkasan acara dipunsebat ō-tori. Dewan juri ingkang kapérang saking selebritas lan penonton ing studio milih tim ingkang mereka angga]ep ingkang saé piyambak. Pemungutan swanten ugi saged dipundereaken pemirsa televisi digital, nglampahi telepon genggam, lan televisi 1seg. Tim ingkang menang berhak nyimpen panji-panji kemenangan ngantos taun salajengipun. Acara berakhir pukul 23.45 (ngantos taun 1962) kanggé dipun-gantos giyaran langsung pemukulan genta saking kuil-kuil Buda ngantos pergantian taun.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |