kabupatèn ing Jawa Tengah, Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Kabupatèn Rembang iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih wétan (pantura)[1], kutha Rembang iku kutha krajan kabupatèné. Jembar wewengkon kabupatèn iki 101.408 hèktar.
Aksara Latin |
Kabupatèn Rembang ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦉꦩ꧀ꦧꦁ كابوڤاتين رٓمباڠ | ||
---|---|---|
Kabupatèn | ||
| ||
Sesanti: Rembang Bangkit (Bahagia, Aman, Nyaman, Gotong royong, Kerja keras, Iman, lan Takwa) | ||
Pernahé Rembang ing Jawa Tengah Pernahé Rembang ing Jawa Tengah | ||
Nagara | Indonésia | |
Provinsi | Jawa Tengah | |
Dina Dadi | 27 Juli 1941 | |
Kutha Krajan | Rembang | |
Pamaréntahan | ||
• Bupati | H. Abdul Hafidz | |
• Wakil Bupati | Bayu Andriyanto, S.E | |
Laladan | ||
• Gunggung | 1,014,10 km2 (391,55 sq mi) | |
Bebrayan | ||
• Wong | Jawa, Medura, lan Tionghoa, | |
• Basa | Jawa lan Indonesia | |
• Kepercayaan | Kajawèn Islam Kristen Protestan Katulik Buddha Hindu | |
Zona wektu | WIK (UTC+7) |
Saréan pahlawan bangsa kang mbéla wanita Indonésia, R. A. Kartini, ana ing kabupatèn iki, yaiku ing Désa Bulu kang kalebu jalur Rembang-Blora (Mantingan).
Kabupatèn Rembang ana ing pucuk lor-wétan Provinsi Jawa Tengah lan diliwati Dalan Pantai Utara Jawa (Jalur Pantura), manggon ing koordinat 111° 00' - 111° 30' Bujur Wétan lan 6° 30' - 7° 6' Lintang Kidul. Laut Jawa ana ing lor kabupatèné. Umumé kabupatèn iki dhatarané dhataran cendhèk kanthi dhuwur kurang luwih 70 mèter ing dhuwur permukaan sagara.
Kabupatèn Rembang wewatesan langsung karo Provinsi Jawa Wétan, saingga dadi gapura wétan Provinsi Jawa Tengah. Daérah kang nduwèni wates karo Jawa Wétan (kaya ta ing Kacamatan Sarang), duwé kodhe télpon kang padha karo Tuban (Jawa Wétan).
Kabupatèn Rembang ketata saking 14 kacamatan, 7 kalurahan lan 287 désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Rembang yaiku:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.