Lara sirah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Lara sirah utawa ngelu utawa mumet (basa Indonésia:sakit kepala) iku rasa lara ing pérangan sirah. Lara sirah minangka lelara kang entheng, sepele malah saben titah mesthi naté ngalami. Arep kalebu entheng, nanging bisa mrebawani kirange daya anggoné makarya. Sabanjure ngunjuk obat, supaya puyeng apa mumete mau ilang. Nanging ora ngunjuk obat, mung dipijet-pijet bae bisa suda lan ilang.Ana akèh kasil panalitèn utawa pengalaman kang ana ning sakubengi masarakat, ngenani bab lara sirah mau. Pancek pepak wernane lara sirah iki, endi sing mumet, buyer, yèn mriksani apa-apa mubeng lan liyané, rasa nyut-nyut, cekot-cekot, mula sing banjur ditaleni kenceng sirahé mau, malah ana sing dijegluk-jeglukake témbok. Ana uga sing banjur priksa dhokter. Lara sirah mau penyebabe cukup akèh, pepak wernane, uga prathandha tekane sawijiné lelara. Ewa semono uga ana sing nganggep mung lelara sepele. Kanggo ngusadani bab mau ana sawatara cara kang bisa ngawékani lara sirah.Macem-macem lara sirah lan panyebabe :
- Lara sirah amarga tegang
Lara Sirah amarga tegang iki di wiwiti rasa kenceng-kenceng ing otot gulu, bahu lan sirah amarga kedaya anané rasa gregetan, nesu,tekanan rasa émosional. Rsas lara mau kawiwitan saka githok, sabanjuré nyebar menyang sirah. Lara sirah jinis iki kerep namani wong sing cugetan,ora sabar, emoh kalah.
- Lara sirah amarga alergi
Wong kang ketaman lara sirah amarga alergi tandhane irung meler, mripat kaca-kaca, mrebes mili, gurung (kerongkongan) krasa lara, bab iki amarga ana dhaharan kang ora cocog sing kudu disingkiriri.
- Lara sirah amarga pasca trauma
Lara sirah amarga mentas ngalami lelakon kang mbebayani, kedadeyan kan gawé cilaka, arep bisa luput ing bebaya, nanging rasa kaget, rasa wedi mau isih tumempel ing telenge ati. Rasa lara mau kadhang kala bisa dirasakake sawatara dina. Malah sasen-sasen angger weruh kaanan bisa kumat larane. Lara sirahé marga tau ketaman kedadeyan kang nggegirisi iki cukup suwé , angèl anggoné nglalekake.
- Lara Sirah migren
Lara sirah migren yèn jaman semono ngelu separo, larane luwih krasa katandhing sakit kepala amarga mangkel, nesu ora cocog. Migren iki akèh namani kaum wadon (wanita), tikel ping telune kaum priya. Migren mau akèh disebabake owah-owahan hormanol, saka turune, banjur tangi, kang maune turu angler.
- Lara Sirah Sinus
Lara sirah sinus iki ditandhani bunteting bolongan irung, sasisih apa karo, sabanjuré kasusul rasa nyeri pipi lan janggut, rasaa nyeri mau bisa saya krasa.Lara sirah salah sijiné efek samping ana lelara ing awak(badan) liyané. Bab iki perlu éntuk perawatan medis samesthine. Kanthi diusadani sing samesthine lara sirah mau banjur mari.