From Wikipedia, the free encyclopedia
Ing tanggal 26 Dhésèmber 2004, kadadéan lindhu dahsyat ing Samodra Hindhia, lepas pasisir kulon Acèh.
Katrangan Lindhu Samodra Hindia 2004 | ||
---|---|---|
Tanggal | 26 Dhésèmber 2004 | |
Kakuwatan | 9,3 | |
Jeroné | 10 km | |
Episentrum | Cithakan:Coor at d | |
Negara sing kena | Indonésia, Sri Lanka, India, Thailand, Somalia, Myanmar, Malaysia, Maladewa, Seychelles, Tanzania, Banggaladésa, Afrika Selatan, Kenya, Madagaskar | |
Kurban |
Lindhu kadadéan jam 7:58:53 WIB. Pusat lindhu dumunung ing bujur Cithakan:Coor at d kurang luwih 160 km pérangan barat Acèh sedalam 10 kilomèter. Lindhu iki kekuwatan 9,3 miturut skala Richter lan minangka lindhu paling dahsyat sajeroning kurun wektu 40 taun pungkasan ing Asia Kidul-wétan ikhtisar lokasi lindhu Archived 2009-07-22 at the Wayback Machine. Intensitas Archived 2008-12-02 at the Wayback Machine. Seismografis Archived 2009-05-11 at the Wayback Machine. Densitas Archived 2009-05-11 at the Wayback Machine. Peta Googlelan Asia Kidul.
Lindhu ngakibataké tsunami (gelombang pasang) sing njupuk akèh banget kurban jiwa. Dipesthèkaké punjul 150.000 jiwa tiwas.
Nagara | Tiwas | Cidra | Ilang | Kèlangan papan urip | |
---|---|---|---|---|---|
Dipesthèkaké | Perkiraan | ||||
Indonésia | 126.915 | 126.915+ | ~100.000 | 37.063 | ~517.000 Archived 2008-05-07 at the Wayback Machine. |
Sri Lanka | 30.718 | Ora diweruhi | 15.686 | 23.000+1 | ~573.000 Archived 2008-05-07 at the Wayback Machine. |
India | 10.012 | 15.636 | Ora diweruhi | 5.624 | 1.029.692 |
Thailand | 5.3052 | 11.000 | Ora diweruhi | ||
Somalia | 150+ Archived 2008-05-07 at the Wayback Machine. | 298 | Ora diweruhi | Ora diweruhi | 5.000 Archived 2008-05-07 at the Wayback Machine. |
Myanmar | 90 | 290–600 | 45 | 200 | mencapai 30.000 Archived 2011-05-21 at the Wayback Machine. |
Malaysia | 68-74 | Ora diweruhi | 299 | Ora diweruhi | Ora diweruhi |
Maladewa | 82 Archived 2009-06-17 at the Wayback Machine. | Ora diweruhi | Ora diweruhi | 26 Archived 2009-06-17 at the Wayback Machine. | 12-22.000 Archived 2008-05-07 at the Wayback Machine. |
Seychelles | 1-3 10 | Ora diweruhi | Ora diweruhi | Ora diweruhi | Ora diweruhi |
Tanzania | 10 | 10+ | Ora diweruhi | Ora diweruhi | Ora diweruhi |
Bangladesh | 2 | Ora diweruhi | Ora diweruhi | Ora diweruhi | Ora diweruhi |
Afrika Kidul | 2 | Ora diweruhi | Ora diweruhi | Ora diweruhi | Ora diweruhi |
Kenya | 1[pranala mati permanèn] | Ora diweruhi | Ora diweruhi | Ora diweruhi | Ora diweruhi |
Madagaskar | Ora diweruhi | Ora diweruhi | Ora diweruhi | Ora diweruhi | 1.000+ |
Total | 151.976+ | 162.000+ | 125.000+ | 43.000+ | 3-5 juta |
Ing Indonésia, lindhu njupuk punjul 126.000 kurban jiwa. Puluhan gedung ajur déning lindhu utama, mligi ing Meulaboh lan Banda Acèh ing ujung Sumatra. Ing Banda Acèh, watara 50% saka kabèh yasan rusak kena tsunami. Nanging, akèh-akèhé kurban disebabaké déning tsunami sing ngantem pasisir kulon Acèh lan Sumatra Lor.
Ing Sri Lanka dikonfirmasèkaké 45.000 kurban jiwa lan punjul 1 yuta jiwa sing ndunungi nagara iki kena dhampak lindhu kanthi langsung. Salah siji kurban sing bisa dislametaké ya iku mantan Kanselir Jerman Helmut Kohl. Dilaporaké saka Sri Lanka yèn sithik banget sato kéwan alasan kaya macan lan gajah sing mati.
Ing India, kalebu Kapuloan Andaman lan Nicobar ditaksir punjul 12.000 kurban jiwa.
Ing Bangladesh ana 2 kurban jiwa.
Ing Thailand akèh wisatawan manca kena bencana, mligi ing laladan Phuket, ditaksir watara 4.500 kurban jiwa. Bhumi Jensen, putné Raja Rama IX utawa kondhang kanthi asma Bhumibol Adulyadej uga kalebu salah siji kurban. Bhumi Jensen isih yuswa 21 taun.
Ing Maladewa dilapuraké ana 53 kurban jiwa. Rongprotelon wewengkon kutha krajan Malé kebanjiran nalika iku.
Malaysia nglapuraké 66 kurban jiwa, nanging dikuwatirake kurban jiwa cacahé 600.
Ing Somalia, bawana Afrika éwon kilomèter saka Indonésia, dilapuraké punjul 100 kurban jiwa. Nanging sapérangan gedhé utawa manawa meh kabèh para warigaluh.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.