From Wikipedia, the free encyclopedia
Magazen yaiku piranti kanggo nyimpen lan ngisi amunisi kang gabung utawa dipasang ing senjata api. Magazen asalé saka basa Arab, yaiku "makahazin", kang artiné gudang (lihat: en:Magazine (artillery)).Magazen bisa terintegrasi karo salah sijiné senjata api (fixed) utawa bisa dicopot (dettachable). Fungsi saka magazen yaiku nyurong peluru ing jero magazen lumebu ing njero senjata api kanthi otomatis utawa kanthi manual, tergantung karo jinis senjata api. Magazen kerep dipodokaké salah sijiné klip, nanging klip iki sebenarné ora padha karo magazen [1]. Amunisi sabuk/rantai kang digunakaké déning senapan mesin ora wujud magazen, amarga cara kerjané ora njupuk amunisi saka kontainer katutup kaya magazen [2].
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Magazen box yaiku magazen paling populer kanggo pistol lan senapan modern. Peluru ing njero magazen iki ditumpuk sajeroning salah sijiné kolom paralel. Peluru iki banjur disurung minduwur kanti menggunakaké pegas. Magazen box bisa nggabung ing jero senjata api (internal utawa fixed), utawa dipisah (eksternal utawa dettachable).
Formasi liya saka magazen box, kadang-kadang mengacu ing papat kolom magazen kang bisa nampung luwih akèh amunisi kanti mempertahankan dawa magezen sanajan luwih amba. Magazen jinis Gasket iki bisa ditemoni ing senjata Suomi KP/-31, Hafdasa C-4 lan ing jinis senjata AK kaliber 5.45x39 mm derivatif [3].
Magazen drum digunakaké déning pira-pira senapan mesin, senapan submesin, lan shotgun. Magazen iki dhapuré silinder, lan tetep nyurong peluru kanti nggunakaké per utawa piranti sejinisé. Magazen drum bisa nyimpan luwih akèh peluru saka magazen box, nanging bobot lan mekanismené bisa nakibataké masalah kehandalan.
Magazen helix wujud pengembangan saka magazen drum, kang nggawé peluru mèloni salah sijiné alur spiral. Mekanisme iki nggawé bisa nyimpen amunisi kanti jumlah kang akèh banget, kanti ukutan magazen kang relatif cilik. Senjata api kang nggunakaké magazen iki kayat senapan submesin Calico 960 dan Bizon.
Magazen panci kerep dipadakaké karo magazen drum, bedané yaiku yèn magazen iki nyimpan peluru kanti pusat putaran kang luwih berbeda karo magazen drum, sarta magazen iki racaké manggon ing pérangan nduwur senapan. Magazen jinis iki digunakaké ing senapan submesin American 180, Lewis Gun, lan senapan mesin ringan Degtyarev.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.