From Wikipedia, the free encyclopedia
Maranta ya iku génus saka tuwuhan bisa ngembang, kulawarga Marantaceae. Asalé saka Amérika tengah lan kidul, lan India Kulon[2][3]. Jeneng Maranta kajupuk saka ahli botani saka Italia abad 16 kang aran Bartolomeo Maranta.
Udakara 40-50 spésiès kang wus kacathet déning para ahli[1]. Sakabèhané duwé rhizoma kang wujud rimpang. Watang kang katon ing dhuwur lemah wujud watang semu. Godhongé lonjong lan tansah ijo, megar ing wektu awan lan nalika wengi godhongé nggulung. Kembange cilik, kanthi kelopak cacah telu.
Spésiès kang tinemu ing tanah Jawa ya iku garut (Maranta arundinacea), dibudidaya murih bisa ngasilaké pathi garut. Kajaba iku uga diolah dadi emping garut.
Maranta | |
---|---|
Maranta leuconeura | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiosperms |
Unranked: | Monocots |
Unranked: | Commelinids |
Ordho: | Zingiberales |
Famili: | Marantaceae |
Génus: | Maranta L. |
Sinonim[1] | |
|
Spésiès kang wus kacathet:[4]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.