Melbourne
From Wikipedia, the free encyclopedia
Melbourne iku kutha krajan praja Victoria ing Australia. Melbourne minangka kutha paling wigati kaloro saka babagan bisnis lan kaloro gedhé dhéwé ing Australia sarta kutha gedhé dhéwé ing Victoria. Melbourne minangka kutha krajan Australia taun 1901-1927. Walikuthané yaiku John So.
Nagara | Australia |
Praja | Victoria |
Dina madeg | 30 Agustus 1835 |
Jembar wewengkon | 8.831 km2 |
Padunung | 3.744.373 (Sensus 2006) |
-Kapadhetan | 479,6/km2 |
Basa | Basa Inggris |
Zona | AEST(UTC+10) AEDT (UTC+11) |
Cacahing kang ndunungi metropolitan Melbourne yaiku 3.488.750 jiwa (sensus 2001) déné kanggo City of Melbourne (laladan kutha) dhéwé, kang ndunungi ana 52.117 jiwa. Melbourne wis kaping pindho nampa prédikat minangka The World's Most Liveable Cities (kutha paling nyaman kanggo dipanggoni) saka The Economist, yaiku ing taun 2002 lan 2004.