Monumèn Nasional
Monas / From Wikipedia, the free encyclopedia
Monumèn Nasional utawa dicekak dadi Monas iku tugu ing punjer kutha Jakarta ing Lapangan Merdéka. Tugu iki nglambangaké perjuangan kamardhikan Républik Indonésia. Monas dhuwuré 132 mèter lan wiwit diyasa ing taun 1961. Pambangunan Monas diprakarsani déning Présidhèn Soekarno. Monas lagi rampung lan dibukak kanggo umum ing taun 1975. Pucuking Monas iku ana reca kang nglambangaké geni lan dilapisi déning emas tipis. Monas lan musèum iku bukak saben dina saka tabuh 08.00-15.00 WIB, kajaba dina Senèn pungkasan sajeroning saben sasi.
Sunyata Rikat Monumen Nasional, Tetélan pokok ...
Monumen Nasional | |
---|---|
Tetélan pokok | |
Pernah | Jakarta Pusat, Indonésia |
Alamat | Jalan Lapangan Monas |
Diyasa kawit | 17 Agustus 1961 |
Rampung | 12 Juli 1975 |
Inaugurated | 12 Juli 1975 |
Height | 132 mèter |
Rancangan lan yasan | |
Arsitèk | Frederich Silaban, R.M. Soedarsono |
Main contractor | P.N. Adhi Karya (cagak fondasi) |
Tutup