Tetikus (basa Inggris: mouse) iku piranti komputer utawa piranti kang minangka prosès utawa nglebokaké data ing sajeroning komputer saliyané blabag tik. Tetikus kanthi jeneng mangkono dijupuk saka kabel kang kemlawé mèmper buntut tikus [1].

Thumb
Cara nganggo tetikus mekanikal.
1. Bal muter ing wayah digunakaké.
2. Penggulung X lan Y nyekétèm (mencengkeram) bal uga migunani kanggo lumaku.
3. Cakram dinerjemahake kanggo lumaku tumuju ing kodhe sarana bolongan cahya.
4. LED inframerah mancarake liwat cakram.
5. Sensor ngumpulskr pantulan cahya ksng duwé mupsngst bisa ngubsh posisi X lan Y.

Tetikus kapisanan digawé ing taun 1963 déning panjenengané Douglas Engelbart wangun kayu kanthi duwé siji tombol. Wujud kang di gawé ing kaloro ya iku wis dipirantèni 3 tombol. Taun 1970, Douglas Engelbart nepungaké tetikus kang bisa ngerteni panggonan X-Y ing layar komputer, tetikus misuwur kanthi jeneng X-Y Position Indicator (indikator panggonan X-Y).

Wangun tetikus kang paling umum duwé rong tombol ya iku kang ana ing kiwa ndhuwur lan tengen ndhuwur lan bisa dipencèt. Semana uga, komputer-komputer basis Macintosh uga bisa mupangatake tetikus siji tombol.

Cathetan suku

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.