Musée Rodin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Musée Rodin inggih punika salah satunggaling musèum ingkang wonten ing Paris, Prancis ingkang dipunbikak ing taun 1919, ingkang dipundamel kanggé salah satunggaling wujud pakurmatan dhateng pengrajin patung saking Prancis kanthi nama Auguste Rodin.[1] Musèum punika inggih gadhah kalih sisih, inggih punika wonten ing Hôtel Biron lan taman sakiteripun ing punjering kitha Paris, lan ugi wonten ing sak njawinipun kitha Paris inggih punika wonten ing satunggaling griya ingkang tuwa kagunganipun Rodin, Villa des Brillants wonten ing Meudon (Hauts-de-Seine).[1] Asiling koleksi ingkang wonten ing musèum punika inggih wonten patung cacahipun kirang langkung 6.600, gambar lukisan cacahipun kirang langkung 8.000 gambar, gambar fotografi ingkang sampun tuwa cacahipun udakawis 8.000 iji lan ugi wonten kirang langkung 7.000 objets d'art, lan saben taunipun para wisatawan ingkang sami dolan wonten ing musiyum punika inggih saged ngantos 700.000 wisatawan.[2]
Nalika taksih dumunung wonten ing Villa des Brillants, Rodin ngginakaken Hôtel Biron minangka papan kanggé piyambakipun makarya sakin taun 1908 lan salajengipun nyumbangaken sadaya koleksi patungipun (sesarengan kaliyan lukisan karyanipun Vincent van Gogh lan Pierre-Auguste Renoir ingkang dipunpikantuk piyambakipun) dhateng nagara Prancis kanthi sarat bilih pamarèntah kedah ngéwah-éwahi bangunanipun dados satunggaling musiyum ingkang dipundhirikaken kanggé ngurmati asiling karyanipun.[2] Museum Rodin inggih ngewrat sapérangan ageng saking asiling karyanipun Rodin ingkang saé, kalebet karya The Thinker, The Kiss lan The Gates of Hell.[2] Kathah patungipun ingkang dipunketingalaken wonten ing taman musèum ingkang wiyar.[3] Museum Rodin inggih punika kalebet salah satunggaling musiyum ingkang paling saged dipunambah lan dipunsrawungi saking Paris.[3] Kitha punik mapan caket kaliyan halte Metro, Varenne, wonten ing lingkungan punjering kitha lan kanthi beya mlebet ingkang sampun limrah[3]. Taman-taman ing sakiteripun yasan musiyum ugi ngewrat kathah patung-patung ingkang sampun misuwur saged ketata kanthi alami langsung.[3] Déné, ing sak wingkingipun yasan musiyum inggih wonten satunggaling dano alit lan restoran kasual.[4]
Kajawi punika, halte Metro, Varenne, ugi gadhah sapérangan patung Rodin wonten ing pérangan platformipun[4]. Yasan punika dipunlayani wonten ing metro (jalur 13): Varenne utawi Invalides, RER (jalur C): Invalides lan bus: 69, 82, 87, 92.[4]
Museum Rodin ugi gadhah satunggaling ruangan ingkang dipundamel kanggé satunggaling pakurmatan dhateng padamelanipun Camille Claude[2]. Sapérangan lukisan déning Monet, Renoir la Van Gogh ingkang minangka koleksi pribadi saking Rodin inggih ugi dipunketingalaken wonten ing musiyum punika[2]. Koleksi karyanipun Rodin ingkang kapacak wonten ing Museum Rodin punika inggih ugi sanget manéka warna, ingkang minangka wujud kupiyanipun Rodin supados saged dados seniman kanthi ngempalaken sadaya karya-karyanipun.[4]