Niu Sélan
nagara ing Oseyaniya / From Wikipedia, the free encyclopedia
Selandia Anyar utawa Niu Sélan kang sajeroning basa Maori karan Aotearoa (tegesé Lemah Mega Putih Dawa), iku siji nagara kapuloan ing kidul-kulon Samodra Pasifik ing kidul-wétan Ostrali. Nagara iki dumadi saka loro pulo gedhé yaiku (Pulo Lor lan Pulo Kidul) lan sawatara pulo cilik liyané. Niu Selan iku nagara dhémokrasi parlementer lan siji wewengkon Persemakmuran Britania (Commonwealth Realm). Niu Selan duwé tanggung jawab tumrap nagara pamaréntah-dhéwé Kapuloan Cook lan Niue sarta ngatur Tokelau lan Dependensi Ross.
Sunyata Rikat Aotearoa, Kuthagara ...
Aotearoa | |
---|---|
Motto: Ora ana. Sadurungé "Onward" (Basa Inggris: "Maju") | |
Gunagita: God Defend New Zealand God Save The Queen1 | |
Kuthagara | Wellington |
Brehakutha | Auckland |
Jawatbasa | Basa Inggris, Basa Maori |
Papréntahan | Monarki konstitusional |
Kamardikan | |
• Banyu (%) | 2,1% |
Population | |
• Pikira-kira 2006 | 4.149.670 (119) |
• Cacahjiwa 2001 | 3.737.277 |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2004 |
• Gunggung | US$96,18 miliar (57) |
• Saben wong | US$23.897 (24) |
Artacihna | Dolar Niu Selan (NZD) |
Laladan wektu | UTC+12 (2) |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+13 ((Oct-Mar)) |
Kodhé bèl | 64 |
TLD internèt | .nz |
Tutup
Jeneng Niu Selan dijupuk saka provinsi Zeeland ing Walanda. Jeneng iki diwènèhké déning Albert Tasman, panjelajah saka Walanda.