Paguyuban Nagara-Nagara Asia Kidul Wétan
Association of Southeast Asian Nations / From Wikipedia, the free encyclopedia
Paguyuban Nagara-Nagara Asia Kidul Wétan (Inggris: Association of Southeast-Asian Nation, dicekak dadi ASEAN) yaiku paguyuban nagarantara ing Asia Kidul Wétan. ASEAN dipunadegaken ing tanggal 8 Agustus 1967 ing Bangkok mawi Paklaring Bangkok. Ancasing ASEAN punika ngiyataken kerja sama régional. Negari anggota ASEAN ngawontenaken rapat umum saben sasi November. ASEAN nyakup wewengkon dharatan ingkang wiyaripun 4.46 yuta km² utawi watawis 3% saking total jembaripun dharatan ing Bumi, lan gadhah populasi watawis 600 yuta orang utawi 8.8% total populasi donya. Jembar tlatah seganten ASEAN tikel tiga saking jembaripun wewengkon dharatan. Ing taun 2010, kombinasi nominal GDP ASEAN sampun tuwuh ngantos 1,8 Triliun Dolar AS. Manawi ASEAN sampun dados entitas tunggal, ASEAN lajeng gadhah ékonomi paling ageng kasanga sasampunipun Amérikah Sarékat, Cina, Jepang, Jerman, Prancis, Brasil, Inggris, lan Italia.