Penyu
From Wikipedia, the free encyclopedia
Penyu ya iku kura sagara. Penyu tinemu ing kabèh samodra kang ana ing donya. Miturut data para èlmuwan, penyu wis ana awit akir jaman Jura (145-208 yuta taun kapungkur) utawa saumurané dinosaurus. Ing mangsa iku Archelon, kang dawané nem mèter lan Cimochelys wis nglangi ing sagara purba kaya penyu jaman saiki.
Sunyata Rikat Setatus konservasi, Klasifikasi ngèlmiah ...
Penyu | |
---|---|
Penyu ijo Hawaii | |
Endangered | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Sauropsida |
Ordho: | Testudinata |
Subordho: | Cryptodira |
Superfamili: | Chelonioidea Bauer, 1893 |
Genera | |
|
Tutup
Penyu ndarbèni suthang ngarep awujud sikil kanggo nglangi ing banyu. Sanadyan seumur uripé ngulandara ing jero banyu, trakadang kéwan kelompok vertebrata, kelas reptilia iku kudu tetep munggah ing lumah banyu kanggo ambegan. Mulané iku, penyu ambegan nganggo paru-paru. Padatan, penyu padha migrasi nganti jarak kang adoh nanging mung sedhéla. Jarak 3000 kilomèter bisa katempuh 58-73 dina.