Pluru kendhali
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pluru kendhali (disingkat: rudhal), pluru mawa pandhu utawa misil ya iku gegaman rokèt militèr sing bisa dikendhalèkaké utawa duwé sistem pangendhali otomatis kanggo nggolèki sasaran utawa nyelarasaké arah. Sajeroning panggunan sadina-dina, istilah "misil" ngrujuk marang rokèt mawa sistem kendhali, éwadéné "rokèt" minangka rokèt tanpa sistem kendhali. Prabédan utama antara kaloroné dianggep sithik banget saliyané prabédan sistem kendhali.