Porto-Novo
From Wikipedia, the free encyclopedia
Porto-Novo (uga kaloka minangka Hogbonou lan Adjacé (populasi 223,552 miturut sensus taun 2002) iku kutha krajan resmi Nagara Benin Afrika Kulon. Kutha iki duwé pelabuhan ing Lempongan Guinea, ing sisih kidul-wétan Benin. Porto-Novo iku kutha gedhé dhéwé nomer loro ing Benin, nanging kutha Cotonou luwih wigati, kanthi budya lan pulitik. Tlatah saubengé Porto-Novo ngasilaké lenga sawit, kapas lan kapuk. Lenga patra tinemu ing lepas pasisir ing taun 1990, lan dadi bahan èkspor kang wigati.
Sunyata Rikat Porto-Novo Hogbonou, Adjacé, Country ...
Porto-Novo Hogbonou, Adjacé | |
---|---|
Country | Benin |
Established | 16th century |
Cacah warga (2002) | |
• Gunggung | 223,552 |
Tutup
Porto-Novo dumunung ing koordinat 6°28' Lor, 2°36' Wétan (6.46667, 2.6).