From Wikipedia, the free encyclopedia
Prefektur Aichi (愛知県 Aichi-ken) prefektur Jepang [1] ingkang mapan wonten ing wewengkon Chubu, pérangan tengah Pulo Honshu, Jepang. Kutha krajan Prefektur Aichi inggih punika Nagoya.
Aichi Prefecture 愛知県 | |||
---|---|---|---|
Prefecture | |||
Trankripsi Japanese | |||
• Japanese | 愛知県 | ||
• Rōmaji | Aichi-ken | ||
| |||
Koordhinat: Masalah Lua ing package.lua larik 80: module 'Module:Country extract/JP' not found. 35°10′48.68″N 136°54′48.63″E | |||
Country | Japan | ||
Region | Chūbu (Tōkai) | ||
Island | Honshu | ||
Capital | Nagoya | ||
Subdivisions | Districts: 7, Municipalities: 54 | ||
Pamaréntahan | |||
• Governor | Hideaki Ōmura (since February 2011) | ||
Laladan | |||
• Gunggung | 5.172,92 km2 (199,728 sq mi) | ||
• Urut laladan | 27th | ||
Cacah warga (October 1, 2019) | |||
• Gunggung | 7.552.873 | ||
• Urut pepadhet | 4th | ||
• Pepadhet | 15/km2 (38/sq mi) | ||
Kodhe ISO 3166 | JP-23 | ||
Situs wèb | www |
Mulanipun wewengkon punika kapérang dados tigang provinsi inggih punika Owari, Mikawa, lan Ho. Bibar era Taika, Mikawa lan Ho dipundadosaken satunggal laladan. Nalika taun 1871, sasampunipun penghancuran sistem Han, sadaya wewengkon Owari kejawi ujung Chita, resmi minangka prefektur Nagoya. Wonten ing wekdal ingkang sami, Mikawa kagabung kaliyan ujung Chita lan ndhapuk Prefektur Nukata. Prefektur Nagoya dipunewahi namanipun dados Prefektur Aichi nalika April 1872 lan nalika 27 November dados satunggal kaliyan Prefektur Nukata.
Mapan wonten ing celak pérangan tengah saking pulo utami Jepang, Honshu, Prefektur Aichi adep-adepan kaliyan Lempongan Ise lan Mikawa ing sisih kidul, Ugi winatesan kaliyan Prefektur Shizuoka ing sisih wétan, Prefektur Nagano ing timurlaut, Prefektur Gifu ing sisih lèr, lan Prefektur Mi ing sisih kilèn. Dawanipun kirang langkung 106 km saking wétan mangilen lan 94 km saking lèr mangidul. Kanthi wiyar 5,153.81 km² Prefektur Aichi cakupanipun sakiwa-tengené 1.36% saking wiyaripun sadaya Jepang. Titik paling inggil punika Chausuyama kanthi 1415 m dpl. Pérangan kilèn saking prefektur punika dipundominasi déning Nagoya, kutha paling ageng kaping 4 ing Jepang lan wewengkon suburbanipun. Déné ing sisih wétan katingal langkung andhap padating penduduk, nanging wonten sapérangan pusat indhustri utami ingkang wonten ing pérangan punika [2].
|
|
|
Wonten ing ngandhap punika kutha-kutha alit lan désa ing Prefektur Aichi ing saben dhistrikipun.
|
|
|
Asil indhustri Aichi punika kalebet ingkang paling inggil ing Jepang. Prefektur Aichi kawéntar minangka pusat indhustri otomotif lan penerbangan ing Jepang. Sapérangan perusahaan ingkang gadhah markas ageng ing Prefektur Aichi antawisipun:
Perusahaan kados Daimler Chrysler, Fuji Heavy Industries, Mitsubishi Motors, Pfizer, Sony, Suzuki, lan Volkswagen ugi ngopreasikaken pabrikipun wonten ing Aichi.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.