Préfèktur Hyogo
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Infobox Prefektur Hyogo
Préfèktur Hyogo (兵庫県, Hyōgo-ken?) inggih punika salah satunggaling prefektur ing Jepang ingkang wonten ing Pulo Honshu, mliginipun ing wewengkon Kinki [1]. Ing sisih lèr winatesan kaliyan Laut Jepang, déné ing sisih kidul punika winatesan kaliyan Laut Pedalaman Seto. Nama prefektur punika sadèrèngipun kaserat ing romaji minangka Hiogo. Nalika taun 1995, sisih kidul Prefektur Hyogo naté dipunrisak déning Lindhu ageng Hanshin mawi kekuwatan 7,2 skala Richter ingkang damel sédanipun kirang langkung 5.500 jiwa. Lindhu mau damel risak ageng ing kutha Kobe, Takarazuka, lan Pulo Awaji. Wonten ing kutha Himeji wonten Astana Himeji ingkang kalebet salah satunggaling Warisan Donya UNESCO [2].