Préfèktur Tokushima
From Wikipedia, the free encyclopedia
Préfèktur Tokushima (徳島県, Tokushima-ken?) inggih punika prefektur Jepang ingkang mapan wonten ing pérangan wétan Pulo Shikoku [1][2]. Kutha krajanipun punika Tokushima. Prefektur punika kondhang saking asiling panèn jawawut ingkang wonten ing Basa Jepang dipunwastani awa saéngga wewengkon punika miturut pambagian provinsi lawas naté dipunsebat minangka Provinsi Awa.
Tokushima Prefecture 徳島県 | |||
---|---|---|---|
Prefecture | |||
Trankripsi Japanese | |||
• Japanese | 徳島県 | ||
• Rōmaji | Tokushima-ken | ||
| |||
Country | Japan | ||
Region | Shikoku | ||
Island | Shikoku | ||
Capital | Tokushima | ||
Subdivisions | Districts: 8, Municipalities: 24 | ||
Pamaréntahan | |||
• Governor | Kamon Iizumi | ||
Laladan | |||
• Gunggung | 4.146,80 km2 (160,110 sq mi) | ||
• Urut laladan | 36th | ||
Cacah warga (October 1, 2019) | |||
• Gunggung | 728.633 | ||
• Urut pepadhet | 44th | ||
• Pepadhet | 1,8/km2 (4,6/sq mi) | ||
Kodhe ISO 3166 | JP-36 | ||
Situs wèb | pref.tokushima.jp/english/ Cithakan:Infobox region symbols |
Ing Prefektur Tokushima taksih wonten sumber daya alam ingkang dipunolah kanthi temenen, kados Lèpèn Yoshino, laladan Pagunungan Shikoku, lan wewengkon perairan Kii ingkang misahaken Prefektur Tokushima kaliyan Prefektur Wakayama lan Pulo Awaji. Prefektur punika gadhah kathah papan pariwisata ingkang kondhang inggih punika Kutha Naruto, Pusaran Toya Naruto ing Selat Naruto, lan Lembah Ōboke lan Koboke ing laladan ilining Lèpèn Yoshino. Produk tetanènipun wujud janganan lanw woh-wohan ingkang dipunsadé ing wewengkon Kinki.