Prométhéus (mitologi)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Wonten ing mitologi Yunani, Prometheus (Grikenlan: Προμηθεύς) punika satunggaling Titan ingkang kondhang amargi pinter lan ahli. Piyambakipun punika nyolong geni Zeus lan maringaken dhateng manungsa. Zeus lajeng ngukum Prometheus amargi nglampahi tumindak ala punika kanthi naleni wonten ing satunggaling watu ageng. Lajeng wonten peksi Garudha ageng ingkang saben dinten nedhi atinipun, nanging saben dinten atinipun saged tuwuh malih.