Riga (basa Lètlan: Rīga) iku kutha krajan nagara Lètlan kang ana ing pasisir Laut Baltik ing muara Kali Daugava. Kutha iki wujud kutha gedhé dhéwé ing laladan nagara Baltik lan dadi pusat budaya, pulitik, bisnis, kauangan, indhustri, lan pendhidhikan ing wewengkon mau. Saliyané iku, Pusat Kutha Riga didadèkaké Situs Warisan Donya UNESCO.
Riga, kang wiyar wewengkoné 307,17km², kang ndunungi watara 731.762 jiwa (2005). Angka mau mudhun saka taun-taun sadurungé. Minangka pabandhingan, ing awal 1990-an Riga kang ndunungi watara 900.000 jiwa. Iki dijalari déning pindhahé kang ndunungi keturunan Ruslan sawisé kamardikan Lètlan taun 1991.
Katerangan liyané Taun, Gunggung kang ndunungi ...