Saté Padang
From Wikipedia, the free encyclopedia
Saté Padang iku sebutan tumrap telung jinis varian saté ing Sumatra Kulon, ya iku Saté Padang, Saté Padang Panjang lan Saté Pariaman.
Saté Padang migunakaké bahan daging sapi, ati, utawa jerohan (jantung, usus, lan thèthèlan)[1] kanthi bumbu duduh kacang kenthel (mèmper bubur) ditambah lombok sing akèh saéngga rasané pedhes.
Saté Padang Panjang dibédakaké saka duduh saténé sing awarna kuning déné saté Pariaman duduhé awarna abang. Rasa kaloro jinis saté iki uga béda. Déné saté Padang duwé manéka rasa saka campuran kapindho jinis varian saté ing dhuwur.