Kinjeng
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kinjeng (utawa semprang, coblang, uga diarani kotrik, Dodok Erok, Tete Iyek) lan kinjeng dom iku golongan gegremet kang kagolong ing bangsa Odonata. Kinjeng wujud salah sijiné wujud kéwan kang mbajak ing akasa.[1] Rong macem gegremet iki arang ana ing papan kang adoh karo banyu, papané kanggo ngendhog lan ngentèkaké wektu pra-diwasa anak-anaké. Jenengé ing basa Indonésia yaiku capung déné basa Inggrisé yaiku dragonfly[1] lan ing basa Sundha yaiku papatong.
Kinjeng | |
---|---|
Kinjeng wadya | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Arthropoda |
Klas: | Insecta |
Ordho: | Odonata |
Subordho: | Epiprocta |
Infraordho: | Anisoptera Selys, 1854 |
Suku | |
Aeshnidae |
Kinjeng (subordo Anisoptera) rélatif gampang dibédakaké saka kinjeng dom (subordo Zygoptera). Kinjeng lumrahé awaké rélatif gedhé lan mencok kanthi swiwi kabukak utawa mbentang kiwa tengen. Éwadéné kinjeng dom lumrahé awaké cilik (sanadyan ana sapérangan jinis rada gedhé), duwé abdomen kang kuru ramping mèmper dom, lan mencok kanthi swiwi katutup, jejeg dadi siji ing gegeré.
Kéwan iki dadi kéwan kang unik yaiku pas mangsa kawin ing angksa.[1] Uripé kinjeng iki ora suwé bisa diétung nganggo dina.[1] Amarga yèn wayah ésuk dadi mangsané manuk Sikatan déné wayah soré dadi mangsané manuk alap-alap, walèt sapi, kirk-kirk, lan cabak maling.[1]
Kinjeng iku bisa mabur kurang luwih 30 detik kang ajeg dhuwuré.[2] Wadiné yaiku lar aérodinamisé kinjeng iku pancèn supertipis, ora rata, lan ana lekukan kang ora bisa nekuk (mlengkung).[2] Para èlmuwan akèh kang wis nliti yèn kinjeng iku duwé daya angkat kang luwih gedhé nalika miber nglayang.[2]
Kinjeng iki kira-kira wis ana kawit 300 yuta taun kapungkur.[3] Jinisé kurang luwih ana 5.000 jinis kanthi dawané 2-12,5 sentimèter.[3] Kéwan kang kagolong gegremet iki saliyané laré kang alus, uga duwé cangkem kang kuwat, mata kang amba lan tajem banget kaanggo ngerti mangsané.[3] Kijeng iki bisa gawé titènan yèn alamé isih resik, dhèwèké bakal teka lan ana.[3] Nanging yèn ora ana wis dadi pratandha yèn alamé wis rusak lan kacemar.[3]
Kinjeng iki bisa dadi pamangsané alami kéwan wereng[4] lan uler wulu[5] kang agawe susahé manungsa.